Jumat, 13 Desember 2013

khutbah Boso Jawi 1



Iman lan takwa pinongko modalipun gesang ing alam donyo

الحمدلله الذى جعلنا من المتّقين وافهمنا بعلموالذّين اشهدان لااله الاالله الملك المبين واشهدان محمّدا عبده ورسوله اللّهم صلى على سيّدنا محمّد وعلى اله واصحا به اجمعين. امّا بعد.  ياايّها الحضرون : اتّق االله فقد فاز المتّقون. قال الله تعال : يا أيها الذين آمنوا اتّقوا الله حقّ تقاته ولا تموتنّ إلاّ وأنتم مسلمون.
Jamaah kaum muslimin rahimakumullah
Wonten kesempatan ingkang minulyo puniko kawulo ngajak dumateng diri pribadi kuwulo khususipun lan umumimpun demateng sedoyo jamaah ingkah hadir wonten majlis Mubarak puniko monggo kita sareng sareng ningkataken keimanan lan ketakwaan dumateng allah kanti ngih puniko ngelampai punopo engkang dados perintahipun lan nebihi punopo engkah dados awisanipun. Shalat soho salam monggo kita aturaken dumateng kanjeng nabi Muhammad saw, nabi soho rasul sekaligus pemimpin manungso sealam donyo kanti allahumma syolli ala saidina Muhammad wa ala alihi saidina Muhammad.
Jamaah kaum muslimin rahimakumullah
Keimanan lan ketakwaan engkah kito yakini monggo kito tingkataken ampun ngantos keimanan lan ketakwaan puniko namung wonten lambe kemawon ananging kedhah wonten wujudipun. Injih puniko manah engkah kiat lan mboten terombang ambing dening gebyare kadunyan, , ucapan lathi engkang teges lan tegas mboten nyulayani, amal perbuatan prilaku engkah istiqomah ngelampahi syariat lan ugi ajaranipun gusti kang moho kuwaos Allah taala.
 Secara gampil kemawon sedoyo kolowau dipun wadahi wonten ing rukun iman kang jumlahe enem, yoiku : iman dumateng Allah, malaikat-malaikat allah , rasul-rasulipun  Allah, kitab-kitab allah, hari kiamat, qodho lan qodar. rukun islam kang cacahe gangsal, yoiku : syahadat kanti yakin bilih mboten wonten dzat engkah kito sembah kejawi namung allah taala, melampahi shalat gangsal wekdal, poso wonten ing wulan ramadhan,  mbayar zakat fitrah lan ugi zakat mal, lan minggah haji wonten ing tanah masjidil haram tumprape tiang engkah mampu lan shalat jumat tumprape tiyang engkah mboten mampu.
Jamaah kaum muslimin rahimakumullah
Menawi sampun kitho lampahi insyaallah kita bade menggehi keberkahan wonten diri pribadi, pendamelan, harta rizki, keluarga lan urusan duniawi sanesipun bahkan kebahagian engkah langseng injih puniko kebahagiaan wonten inga akherat. Amien yarabbal alamin. Kados dawuhipun Allah taala wonten ing al quran surat al arof ayat 96 :
ولو أنّ أهل القرى آمنوا واتّقوا لفتحنا عليهم بركات من السّماء والأرض
Artinya : “Jika sekiranya penduduk negeri-negeri beriman dan bertakwa, pastilah Kami akan melimpahkan kepada mereka berkah dari langit dan bumi,…”  ( QS : Al ‘Arof : 96)
Jamaah kaum muslimin rahimakumullah
Gampil sanget menawi kitho pingen dipun berkahi dening allah, anangin sakwangsulipun menawi kitho ingkar dan dusta aken al quran lan al hadits soho ayat-ayat kekuasaanipun allah sanesipun, siap-siap kemawon bedhe manggihi siksa saking Allah. . Kados dawuhipun Allah taala wonten ing al quran surat al arof ayat 96 :
.. ولكن كذّبوا فأخذناهم بما كانوا يكسبون...
Artinya : “… tetapi mereka mendustakan (ayat-ayat Kami) itu, maka Kami siksa mereka disebabkan perbuatannya. ”  ( QS : Al ‘Arof : 96)
Jamaah kaum muslimin rahimakumullah
Mekaten lan cekap semanten khutbah wonten ing siang puniko mugiyo saget dadosaken cambuk pribadi kawulo kiyambak khususipun lan umumipun dumaten jamaah sedoyo. Lan mugi-mugi kita saget manggihi kabekjan wonten ing donyo lan ugi wonten ing akherat amien ya rabbal alamien.
برك الله لى ولكم فى القران الظيم وتفعنى وايا كم بما فيه الايات والذكرالحكيم