HIKMAH SEBUAH PERISTIWA
Oleh :
Triyanto
Jamaah shalat jumat engkang dipun kasihi Allah
Wonten kesempatan meniko kuwulo ngajak dumateng diri pribadi
kawulo piyambak lan umumimpun dumateng sedoyo jamaah monggo kita sareng2
ningkataken keimanan lan ketakwaan dumateng Allah engkang ateges kanti
nglampahi sedoyo punopo engakang dados dawauhipun Allah dan nebihi sedoyo
awisanipun Allah. Engkang antawisipun injih puniko shalat jumat wonten ing
siang meniko. Saklajengipun shalawat soho salam mugi katur dumateng junjungan
kito, nabi lan rasul engkang terakhir Nabi Muhammad SAW engkang sampun mbeto
kita saking jaman jahiliyah tumuju jaman dinul islam.
Jamaah shalat jumat engkang dipun kasihi Allah
Nembe kemawon kita ninggalaken mongso ketigo, mongso engkang
sedoyo rerumputan lan tanaman mboten saget tumbuh subur bahkan tanah sawah lan
ladangipun mboten saget dipun tanemi utawi tandus. Lan detik meniko keadaan
kolowau sampun berubah 100% tanah engkah tandus, kering saget dipun tanemi
punopo kewonten. Lan sedoyo kolowau menawi kita berpikir engkang jernih,
mboten wonten peristiwo2 utawi kejadian
engkang mboten hikmah .
lan kitho tumprap tiang engkang anggadahi akal, manah lan
keimanan semakin tekun lan depe2 marak dhateng Allah lan kosokwangsulipun tiang
engkang mboten anggadahi keimanan malah durhoko ingkar, tebih dhateng Allah SWT.
Jamaah shalat jumat engkang dipun kasihi Allah
Kekuasaanipun Allah mboten wonten ing babakan menyuburkan
tanah utawi menaduskan / mengeringkan tanah mawon ananging mboten terikat kaleh
ruang lan waktu. Kadang kito boten percoyo bilih wonten kehidupan engkang kekal
lan abadi jih puniko kehidupan akherat. Peristiwa kematian puniko setunggaling
rangkaian kehidupan menuju alam kelanggengan lan saksampunipun wonten alam
kematian utawi alam kubur badhe dipun bangkitaken kanti peristiwa dinten kiamat
menuju alam akkherat. Ananging kathah2ipun tiang ingkar lan mboten percoyo
bilih kehidupan dunia puniko sementara.
Jamaah shalat jumat engkang dipun kasihi Allah
Peristiwa2 utawi kejadian wonten ing kehidupan dunia puniko
sampun dipun atur dining Pangeran Engkah Moho Kuwaos injih puniko ALLah
SWT kadosto wonten firman Allah wonten
ing al quran surat Yasin ayat 81

Dan tidakkah Tuhan yang menciptakan langit dan bumi itu
berkuasa menciptakan kembali jasad-jasad mereka yang sudah hancur itu? Benar,
Dia berkuasa. Dan Dialah Maha Pencipta lagi Maha Mengetahui.
Jamaah shalat jumat engkang dipun kasihi Allah
Mekaten pengisian khutbah ing siang meniko mugiyo saget
ngemutaken lan gugah diri kulo piyambak khususipun lan umumipun dumatheng
sedoyo jamaah. Engkan akhiripun manggihi kebahagaian wonthen ing dunyo lan akherat amin
جعل الله من الفائزين
الامين
Khutbah ke 2
Tidak ada komentar:
Posting Komentar