Iman lan takwa pinongko modalipun gesang ing alam donyo
الحمدلله الذى
جعلنا من المتّقين وافهمنا بعلموالذّين اشهدان لااله الاالله الملك المبين واشهدان
محمّدا عبده ورسوله اللّهم صلى على سيّدنا محمّد وعلى اله واصحا به اجمعين. امّا
بعد. ياايّها الحضرون : اتّق االله فقد
فاز المتّقون. قال الله تعال : يا أيها الذين آمنوا اتّقوا الله حقّ تقاته ولا تموتنّ
إلاّ وأنتم مسلمون.
Jamaah kaum muslimin
rahimakumullah
Wonten kesempatan
ingkang minulyo puniko kawulo ngajak dumateng diri pribadi kuwulo khususipun
lan umumimpun demateng sedoyo jamaah ingkah hadir wonten majlis Mubarak puniko
monggo kita sareng sareng ningkataken keimanan lan ketakwaan dumateng allah
kanti ngih puniko ngelampai punopo engkang dados perintahipun lan nebihi punopo
engkah dados awisanipun. Shalat soho salam monggo kita aturaken dumateng
kanjeng nabi Muhammad saw, nabi soho rasul sekaligus pemimpin manungso sealam
donyo kanti allahumma syolli ala saidina Muhammad wa ala alihi saidina Muhammad.
Jamaah kaum muslimin
rahimakumullah
Keimanan lan ketakwaan engkah
kito yakini monggo kito tingkataken ampun ngantos keimanan lan ketakwaan puniko
namung wonten lambe kemawon ananging kedhah wonten wujudipun. Injih puniko manah
engkah kiat lan mboten terombang ambing dening gebyare kadunyan, , ucapan
lathi engkang teges lan tegas mboten nyulayani, amal perbuatan prilaku engkah
istiqomah ngelampahi syariat lan ugi ajaranipun gusti kang moho kuwaos Allah
taala.
Secara gampil kemawon sedoyo kolowau dipun
wadahi wonten ing rukun iman kang jumlahe enem, yoiku : iman dumateng Allah,
malaikat-malaikat allah , rasul-rasulipun Allah, kitab-kitab allah, hari kiamat, qodho
lan qodar. rukun islam kang cacahe gangsal, yoiku : syahadat kanti yakin bilih
mboten wonten dzat engkah kito sembah kejawi namung allah taala, melampahi
shalat gangsal wekdal, poso wonten ing wulan ramadhan, mbayar zakat fitrah lan ugi zakat mal, lan
minggah haji wonten ing tanah masjidil haram tumprape tiang engkah mampu lan
shalat jumat tumprape tiyang engkah mboten mampu.
Jamaah kaum muslimin
rahimakumullah
Menawi sampun kitho
lampahi insyaallah kita bade menggehi keberkahan wonten diri pribadi,
pendamelan, harta rizki, keluarga lan urusan duniawi sanesipun bahkan
kebahagian engkah langseng injih puniko kebahagiaan wonten inga akherat. Amien yarabbal
alamin. Kados dawuhipun Allah taala wonten ing al quran surat al arof ayat 96 :
ولو أنّ أهل القرى
آمنوا واتّقوا لفتحنا عليهم بركات من السّماء والأرض
Artinya : “Jika
sekiranya penduduk negeri-negeri beriman dan bertakwa, pastilah Kami akan
melimpahkan kepada mereka berkah dari langit dan bumi,…” ( QS : Al ‘Arof : 96)
Jamaah kaum muslimin
rahimakumullah
Gampil sanget menawi
kitho pingen dipun berkahi dening allah, anangin sakwangsulipun menawi kitho
ingkar dan dusta aken al quran lan al hadits soho ayat-ayat kekuasaanipun allah
sanesipun, siap-siap kemawon bedhe manggihi siksa saking Allah. . Kados dawuhipun
Allah taala wonten ing al quran surat al arof ayat 96 :
.. ولكن كذّبوا
فأخذناهم بما كانوا يكسبون...
Artinya : “… tetapi
mereka mendustakan (ayat-ayat Kami) itu, maka Kami siksa mereka disebabkan
perbuatannya. ” ( QS : Al ‘Arof : 96)
Jamaah kaum muslimin
rahimakumullah
Mekaten lan cekap
semanten khutbah wonten ing siang puniko mugiyo saget dadosaken cambuk pribadi
kawulo kiyambak khususipun lan umumipun dumaten jamaah sedoyo. Lan mugi-mugi
kita saget manggihi kabekjan wonten ing donyo lan ugi wonten ing akherat amien
ya rabbal alamien.
برك الله لى
ولكم فى القران الظيم وتفعنى وايا كم بما فيه الايات والذكرالحكيم